Senin, 10 Maret 2014

Pidato Bahasa Jawa Babagan Kasarasan



Assalamualaikum wr.wb
Panjenenganipun Bapak Widada minangka kepala dhukuh ingkang tuhu kinurmatan
Bapak ketua RW ketua RT ingkang kula kurmati
Bapak/Ibu warga dhusun ingkang winantu kabagyan
            Sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos jalaran awit saking rahmat saha karunianipun, kita sedaya taksih saged kepanggih lan kempal wonten ing papan menika tanpa alangan setunggal menapa.
            Bapak/Ibu sagung para rawuh ingkang tuhu winantu ing suka basuki
            Sampun lumrahipun bilih ing mangsa rendheng menika kita dados gampil gerah. Mula kita kedah njaga kesarasan raga kita. Ing papan menika kula badhe ngaturaken cara supados raga kita kaparingan sehat.
            Ingkang kapisan kita sedaya kedah ngaso ingkang cekap, kwalitas tilem menika wigati sanget kagem njagi kesarasan. kirangipun tilem utawi ngaso saged murugaken sesakit uga mandhapipun stamina.
            Ingkang kaping kalih njaga lingkungan. Lingkungan uga wigati kagem kesarasan kita amargi awit saking lingkungan ingkang resik raga kita uga saras.
Bapak/Ibu ingkang kula kurmati
Kaping tiga kita kedah dhahar dhaharan ingkang saras. Umpaminipun madu lan buah. Kirangi dhaharan ingkang ngandhut pengawet lan pewarna ingkang mboten nyarasaken raga kita. Kita uga kedah ngunjuk unjukan ingkang nyarasaken umpaminipun toyo pethak. Kirangi ngunjuk unjukan ingkang ngandhut alkhohol ingkang kirang sae tumrap kesarasan  raga kita.
            Pungkasanipun mugi-mugi ingkang kula aturaken saged dados manfaat dumateng panjenengan sedaya. Mekaten atur kula kathah pinanggih kalepatan kula nyuwun pangapunten. Maturnuwun.
Wassalamualaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar