Senin, 22 Februari 2016

Ringkasan Materi Bahasa Jawa SMA kelas XI semester 1



A.RINGKASAN MATERI
1.      Pranatacara
Saking tembung lingga tata lan cara. Dasanamanipun pranatacara inggih menika panatacara, panata adicara, paniti laksana, pambiwara lan MC.
Syarat –syaratipun dados Pranatacara:
a)      Nggadhahi kekendelan lan sifat sengguh ora mingkuh.
b)      Nggadhahi ketrampilan ing bab wicara.
c)      Nguwaosi materi ingkang badhe katindakaken.
d)     Nggadhahi prana ingkah ndudut manah.
Kejawi menika pranatacara ugi kedah nggadhahi gegebengan kangge jangkepi jejeripun minangka Pranatacara lanthi lampah:
·         Malagawa: tumindak kanthi trampil trengginas.
·         Matanggap: tanggap ing saliring swasana.
·         Malaksana: mrebawani
·         Magatra: Nggadhahi patrap ingkang prasaja.
·         Mawasta: Sengguh ora mingkuh wruhing rasa lan suba sita.
·         Mardawa basa: lebda ing bab basa.
·         Mardawa Swara: wasis ing pangolahing swara
Sanguning Pranatacara:
1.      Olah swara
a)      Logat: ngangge dialek jawa (jogja).
b)      Pocapan: kudu cetha, las – las,ora bindheng lan ora blero.
c)      Wirama:ana cekak dhawa, ngisor nduwur ora mung ajeg.
d)     Wirasa: nalika micara nglaras surasa.
2.      Olah basa lan sastra : pilihan tembung, purwakanthi, sekar, suluk, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan lan sapanunggalane.
3.      Olah raga : pangolahing raga supaya solah bawa utawa tindak tanduke trep karo jiwa panatacara sing empan papan.
4.      Olah busana : busana kudu trep karo adat lan swasana.
Urutan Reroncening acara
1.      Salam Pambuka
2.      Salam talim= salam pakurmatan
3.      Ngaturaken Puji syukur
4.      Reroncening acara
5.      Panutupan
6.      Salam Panutup

2.      Tembang Campursari
Lelagon campursari iku ora duwe aturan sing baku utawa gumathok, sing mesthi bisa gawe gumyak lan seneng sing ngrungokake lan bias kanggo ngelipur ati.Cakepane uga prasaja lan gampang diapalke. Sing ngiringi saka gamelan lan alat music modheren., loro – lorone ditabuh bebarengan kanthi laras lan kepenak dirungokake. Conto penyanyi campursari ingkang kondhang inggih menika Manthous, Didi kempot, sony joss lan sapanunggalane. Contonipun lagu campursari inggih menika Tanjung Mas Ninggal Janji, Sewu Kutho, Pacobaning urip, Alun- alun Nganjuk lan sapanunggalane.

3.      Ngudaraos
Ngudaraos atau ngudhar raos inggih menika ngudharaken rasa / uneg – uneg.

4.      Tembang Macapat
Tembang macapat ugi kasebat sekar alit utawi tembang cilik.
            Ingkang kasebat tembang cilik wonten 11 inggih menika:
1.      Mijil : ateges metu, miyos utawi lair.
Paugeranipun: 6 gatra: 10 i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u
2.      Kinanthi: saking lingganing tembung kanthi utawa tubtunlare ingkah taksih balita dipun tuntun/ dipunbimbing.
Paugeranipun: 6 gatra: 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i
3.      Sinom:tegesipun nem – neman/ pemuda ingkang nedheng – nedhengipun ngudi kawruh.
Paugeranipun: 9 gatra: 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 7i – 12a
4.      Asmaradana: Para mudha sasampunipun ndungkang diwasa lajeng kastuwuhan raos tresna dhateng tiyang sanes.
Paugeranipun: 7 gatra: 8a – 8i – 8e/o – 8a – 7a – 8u – 8a
5.      Gambuh: Saking tembung jumbuh/sarujuk/cocog, ingkang tegesipun sampun sarujuk lajeng dipun gathukaken.
Paugeranipun: 5 gatra: 7u – 10u – 12i – 8u – 8o
6.      Dhandhanggula: tegesipun tiyang ingkang sampun mangun gesang bebrayan nggadhahi idha – idhaman gesang ingkang sarwa sarwi endah.
Paugeranipun: 10 gatra: 10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 8u – 8a – 12i – 7a
7.      Durma: saking tembung darna/paweweh. Tiyang gesang sasampunipun kacekap kabetahanipun, lajeng wiwit mikir kabetahanipun sesaminipun.
Paugeranipun: 7 gatra: 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i
8.      Maskumambang: Tiyang ingkang sampun ndungkap sepuh wonten raos mangu – mangu ing manahipun ngetang – etang kathahing tumindhak ingkang awon.
Paugeranipun: 4 gatra: 12i – 6a – 8i – 8a
9.      Pangkur:Saking tembung mungkur/ nyingkur. (Nyingkiri hawa napsu)
Paugeranipun: 7 gatra: 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8a -8i
10.  Megatruh: saking tembung megat/pisah lan ruh. (pegatipun ruh lan raga)
Paugeranipun: 5 gatra: 12u – 8i – 8u – 8i – 8o
11.  Pocung: Sasampunipun tilar donya dipunbungkus mori pethak.
Paugeranipun: 4 gatra : 12u – 6a – 8i – 12a
Paugeran Macapat
*      Guru Wilangan: cacahing wanda / suku kata saben gatra.
*      Guru lagu: dhong – dhingin swanten ing pungkasaning gatra ing sekar.
*      Guru gatra: cacahing gatra saben sakpada.
*      Pada: inggih menika bait
*      Laras: nadha dasar nyekar saking jinis music diatonis.
B. LATIHAN SOAL
1. Pranatacara kedhah nggadhahi patrap ingkang prasaja kasebat…
            A. Malagawa                                       D. Magatra
            B. Mawasta                                         E. Malaksana
            C. Mardawa basa
2. Ingkang dimaksud sengguh ora mingkuh inggih menika, kejawi…
            A. Tinanggenah                       D. Jejibahan
            B. Kajibah                               E. Mbyawarakaken
            C. Sesanggen
3. MC ing pelantikan / wisuda lan sapanunggalane kasebat…
            A. Panatacara                          D. Pranata Adicara
            B. Pranatacara                         E. Protokol
            C. Pambiwara
4. Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
Sambaté mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinamêng astanira
Tembang ing nduwur kalebet tembang macapat…
A.    Sinom                                      D. Pocung
B.     Gambuh                                  E. Megatruh
C.     Maskumambang
5.      Paugeranipun tembang macapat Gambuh inggih menika…
A.    5 gatra: 7u – 10u – 12i – 8u – 8o
B.     6 gatra: 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i
C.     6 gatra: 10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u
D.    5 gatra: 12u – 8i – 8u – 8i – 8o
E.     7 gatra: 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i
6.      Guru wilangan inggih menika…
A.    Cacahing wanda saben sak gatra.
B.     Cacahing gatra saben sak pada
C.     Cacahing gatra saben wanda
D.    Cacahing pada pada saben tembang
E.     Dhong – dhonging swanten
7. Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo
Najan Mung Sedelo
Ora Dadi Ngopo
Penting Iso Ngademke Ati
Tuladha tembang campursari ing nduwur irah – irahanipun…
A.    Pacobaning urip                                  D. Kangen kowe
B.     Layang Swara                                     E. Ketaman asmara
C.     Tanjung Mas Ninggal Janji
8. Karepku jaluk di esemi…
Lanjutanipun tembang campursari menika…
A.    Mengko gek keri ing jaman
B.     Tingkah lakumu kudu ngerti cara
C.     Mbok ya sing eling
D.    Pancene bener kandhamu
E.     Aja ditinggalake kapribaden ketimuran
9.   Ing ngisor iki penyanyi campursari, kejawi…
A.    Manthous
B.     Didi Kempot
C.     Sunyahni
D.    Sonny Joss
E.     Aning Katamsi

Kangge nomer 10-12.
Prekawis ingkang dumados ing masyarakat bab “kenakalan remaja” mbokbilih langkung damel girising manah/kathah para anem ingkang keblusuk ing tumindak nistha:migunakaken narkoba, damel raja pati, ngrampog, ngrudapeksa, tawur ing mergi awit prakawis ingkang sepele lan tumindhak nistha sanesipun. Awit kawontenan kados mekatenwau, kathah ingkang ngupaya kanthi ngawontenaken seminar, lokakarya ngrembag bab “ kenakalan remaja”, supados sedaya paring kawigatosan.
10.     Tuladhanipun “kenakalan remaja” inggih menika, kejawi…
A. Sinau kanthi sregep.                                              D. Ngrampog
B.  Ngrudapeksa                                                         E. Damel raja pati
C.  Tawur
11.     Dasanamanipun nistha inggih menika…
A.    Becik                                                                  D. awon
B.     Bombong                                                           E. Pawiyatan
C.     Rumaos menjila
12.     Apa upaya kang saged dingge ngatasi “kenakalan remaja..
A.    Damel raja pati
B.     Ngawontenaken seminar
C.     Tumindhak bombing
D.    Melu tumidhak nista
E.     Melu tawuran.










KUNCI JAWABAN
1.D                                                7. C
2. E                                    8. B
3. B                                   9. E
4. C                                   10.A
5. A                                   11. D
6. A                                   12. B

Soal Cerdas Cermat Pramuka Penegak dan Jawabannya



1.       Jambore dunia ke VII dilaksanakan di… (Sal2 Kamergut, Austria)
2.       Jambore dunia ke XIV dilaksanakan pada tahun… (1975)
3.       Jambore nasional yang dilaksanakan bersamaan dengan Jambore Asia Pasific 6th di Cibubur adalah Jambore Nasional ke... (III)
4.       Biro kepanduan dunia putera berkedudukan di… (Jenewa, Swiss)
5.       Biro kepanduan dunia puteri berkedudukan di… (London, Inggris)
6.       Keppres yang mengatur tentang gerakan pramuka adalah… (Kepres No.238/61)
7.       Yang menandatangani Keppres tersebut adalah… (Ir.H. Juanda)
8.       Masa menegakkan NKRI dengan proklamasi tanggal 17 Agustus 1945 merupakan kiasan dasar istilah… (Penegak)
9.       Dua tingkatan pada Penegak yaitu… (Penegak Bantara dan Penegak Laksana)
10.   Tanda regu, sangga, gudep merupakan tanda pengenal… (Satuan)
11.   Tanda andalan, tanda pamong saka, tanda dewan kerja adalah tanda pengenal… (jabatan)
12.   Bingkai Tanda Kecakapan Khusus untuk Pramuka Penegak berwarna… (kuning)
13.   Saka Bhayangkara bergerak dibidang… (Kepolisian)
14.   Saka yang bergerak di bidang kehutanan adalah saka… (Wanabakti)
15.   Berdasarkan tingkatannya TKK dibagi menjadi tiga yaitu… (Purwa, Madya, Utama)
16.   Jenis pertemuan yang dilakukan oleh golongan penegak dan pandega adalah… (Kanira, Raimuna, Muspopanitera, PW, dsb)
17.   Permukaan kompas dimana terdapat angka/ huruf seperti pada jam disebut… (dial)
18.   Pembidik sasaran pada kompas disebut… (Visir)
19.   Arsiran untuk bebatuan, sawah, ladang biasanya… (mendatar)
20.   Dalam sketsa panorama kerapatan garis yang menunjukkan jarak obyek yang semakin jauh adalah… (semakin renggang)
21.   Permainan dalam Pramuka berupa latihan penggunaan Panca Indera untuk meningkatkan kecerdasan otak disebut… (Kim)
22.   Simpul yang digunakan untuk menyambung dua utas tali yang sama besarnya dalam keadaan kering ialah… (Simpul Mati)
23.   Menyambung dua utas tali yang sama besar dalam keadaan basah memakai simpul … (nelayan, inggris, kembar)
24.   Alat yang dapat digunakan untuk mempertahankan kedudukan tulang yang patah disebut… (bidai)
25.   Penularan penyakit malaria melalui nyamuk… (Anopheles)
26.   Kepanjangan dari tilang yaitu … (Bukti Pelanggaran Lalu Lintas)
27.   Plat kendaraan untuk disewakan pada umum/ angkutan masyarakat berwarna … (Kuning)
28.   Lampu lalu lintas yang menunjukkan kendaraan harus berhati – hati dan mengurangi Laju kendaraan yaitu…
29.   SIM untuk kendaraan traktor dan mobil gandengan yaitu… (SIM B II)
30.   DH adalah tanda kendaraan di daerah… (Timor)
31.   Tanda kendaraan di Sumatera utara adalah… (BB)
32.   IND adalah tanda kendaraan internasional dari Negara… (India)
33.   Rambu lalu lintas yang berisi petunjuk mempunyai warna… (biru)
34.   Presiden RI ke dua lahir di… (Kemusuk, Argomulyo, Sedayu, Bantul, Yogyakarta)
35.   Asteroid berada di antara planet… dan … (Mars dan Jupiter)
36.   Badan dunia yang menanggulangi masalah pengungsi Internasional yaitu… (UNHCR)
37.   Kepanjangan dari UNESCO adalah… (United Nations For Children Fund)
38.   Lagu kebangsaan Jepang yaitu… (Kimigayo)
39.   Penghargaan yang diperuntukkan bagi orang/ ilmuwan yang berjasa bagi kehidupan manusia yaitu… (nobel)
40.   Penghargaan untuk orang yang merintis, mengabdi, dan menyelamatkan lingkungan di Indonesia yaitu… (Kalpataru)
41.   Bunga nasional Negara Indonesia adalah … (melati)
42.   Kegiatan – kegiatan para perintis seperti membuat menara pandang, jembatan, rumah sementara hingga benteng yang membutuhkan keahlian menggunakan simpul disebut… (Pionering)